Selasa, 14 Agustus 2012

Serat Wedhatama - Tembang Pocung

  1. Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.
  2. Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira, triloka lakere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.
  3. Beda lamun, wus sengsem rehing asamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi martatama.
  4. Tama limut, durgameng tyas maweh limput, karem ing karamat, karana karoban ing sih, sihing Suksma ngrebda sa-ardi gengira.
  5. Jeku patut, tinula—tula tinurut, sapituduhira aja kaya jaman mangkin, akeh para mudha-mudhi dhiri rapal makna.
  6. Durung pecus, kasusu kaselak besus, amaknani rapal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.
  7. Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok jamane den mohi, paksa Iangkah ngangkah met kawruh ing Mekah.
  8. Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeket ing angga, anggere padha marsudi, kana-kene kahanane nora beda.
  9. Uger lugu, denta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajad kajating urip, kaya kang wus winahyeng sekar srinata.
  10. Basa ngelmu, mupakate Ian panemu, pasahe lan tapa, yen satriya Tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri prakara.
  11. Iya lamun, kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sak serik sameng dumadi, tri legawa nalangsa srah ing Bathara.
  12. Bathara gung, ingular graning jajantung, jenek Hyang Wisesa, sana pasenedan suci, nora kaya simudha mudhar angkara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar