Serat Wédhatama ("tulisan mengenai ajaran utama") adalah sebuah karya sastra Jawa Baru yang bisa digolongkan sebagai karya moralistis-didaktis yang sedikit dipengaruhi Islam. Karya ini secara formal dinyatakan ditulis oleh KGPAA Mangkunegara IV. Walaupun demikian didapat indikasi bahwa penulisnya bukanlah satu orang. Menurut Pigeaud beliau bekerjasama dengan Ranggawarsita dan penulis lainnya. (Th. Pigeaud. Literature of Java. Vol. I. 1967:110).
Serat Wedhatama terdiri dari 100 pupuh atau bait tembang macapat, yang dibagi dalam lima tembang, yaitu: Pangkur (14 pupuh, I - XIV), Sinom (18 pupuh, XV - XXXII), Pocung (15 pupuh, XXXIII - XLVII), Gambuh (35 pupuh, XLVIII - LXXXII) dan Kinanthi (18 pupuh, LXXXIII - C). Isinya merupakan falsafah kehidupan, seperti hidup bertenggang rasa, bagaimana menganut agama secara bijak, menjadi manusia seutuhnya, dan menjadi orang berwatak ksatria.
Terdapat beberapa bagian yang dapat dianggap sebagai kritik terhadap konsep pengajaran Islam yang ortodoks, yang mencerminkan pergulatan budaya Jawa dengan gerakan pemurnian Islam (gerakan Wahabi) yang marak pada masa itu.
Teks ini masih populer hingga sekarang. Kitab terjemahan ke dalam Bahasa Indonesia serta tafsirnya telah diterbitkan, termasuk terjemahannya ke dalam Bahasa Inggris. Dalam komposisinya, Hong Wilaheng Sekaring Bawono (1981), penyanyi Gombloh mengutip sebagian dua sajak yang populer dari Wedhatama (Pangkur, bait I dan XII).
Serat Wedhatama dianggap sebagai salah satu puncak estetika sastra Jawa abad ke-19 dan memiliki karakter mistik yang kuat. Bentuknya adalah tembang, yang biasa dipakai pada masa itu.
Serat Wedhatama
Jumat, 17 Agustus 2012
Kamis, 16 Agustus 2012
Serat Wedhatama - Tembang Pangkur
- Mingkar mingkur ing angkara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta pakartining ngelmu luhur,-kang tumrap neng Tanah Jawa, agama ageming Aji.
- Jinejer neng Wedhatama, mirih tan kemba kembanging pambudi, mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglilingsemi.
- ngGugu karepe priyangga, nora nganggo paparah lamun angling, lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinemu ing samudhana, sasadon ingadu manis.
- Sipengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angandhukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkanganipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si pingging.
- Mangkono ngelmu kang nyata, sanjatane mung weh reseping ati, bungah ingaranan cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina-dina, aja mangkono wong urip.
- Uripe sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene paksa kumaki.
- Kikisane mung sapala, palayune ngandelken yayah-wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring tataning tatakrama, nggon-anggon agama Suci.
- Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, sumengah sosongaran, yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, nora enak iku kaki.
- Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan umasuk ing jasat, amung aneng sajabaning daging kulup, yen kapengkok pancabaya, ubayane mbalenjani.
- Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruhita’a kang patut, Ian traping angganira, ana uga angger ugering kaprabun, abon-aboning panembah, kang kanggo ing siyang ratri.
- Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa nahan hawa, wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan pasthi neng jalma wredha, tuwin neng jalma taruni.
- Sapa ntuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangkutut, kukutaning jidangga, yen mangkono kena sinebut wong sepuh lire sepuh hawa, awas roroning atunggil.
- Tan samar pamoring suksma, sinuksmaya winahya ing asepi, sinimpen telenging kalbu, pambukaning warana, tarlen saking liyep-layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusup ing rasa jati.
- Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung, tan karem karameyan, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula-mulanira, mulane wong anom sami.
Rabu, 15 Agustus 2012
Serat Wedhatama - Tembang Sinom
- Nulada laku utama, tumrape ing Tanah Jawi, wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapati, kapati amarsudi, sudaning hawa lan nepsu, pinesu tapabrata, ing siyang kalawan ratri, amamangun karyenak tyasing sasama.
- Samangsane pasamuwan, mamangun marta martani, sinambi ing saben mangsa, kala-kalaning asepi, lalana teka-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas, sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar lawan nedra.
- Saben medra saking wisma, lalana laladan sepi ngisep sepuhing sopana, mrih pana panraweng kapti, tistising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mesu reh kasudarman, neng tepining jalanidhi, sruning brata kataman wahyu jatmika.
- Wikan wengkuning samodra, kederan wus den ideri, kinemot kamot ing driya, rinegem sagegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kangjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan wong Agung Ngeksiganda.
- Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanthi jroning alam panglimunan, ing pasaban saben sepi, sumanggem anyanggemi, ing karsa kang was tinamtu, pamrihe mung aminta, supangate teka-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
- Prajangjine abipraya, saturun-turuning wuri, mangkono trahing ngawirya, yen amangsah mesu budi, dumadya gelis dumugi, iya ing sakarsanipun, Wong Agung Ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah tumerah darahe padha wibawa.
- Ambawani Tanah Jawa, kang padha jumeneng Aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahing Senapati, pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake Ian jaman mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.
- Lowung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, manelad-nulad Nabi, Nayakengrat Gusti Rasul, anggung ginawe umbag, saben seba mampir masjid, ngajab-ajab mukjijat tibaning drajad.
- Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora mikani, katungkul mungkul sarni; bengkrakan mring masjid agung, kalamun maca kutbah, lalagone dhandhang-gendhis, swara arum ngumadhang cengkok palaran.
- Lamun sira paksa nelad, tuladaning Kangjeng Nabi, o ngger kadohan pangangkah, watake tan betah kaki, rehne ta sira Jawi, sathithik bae wus cukup, aja guru aleman, nelad kas ngeplegi pekih, lamun pengkuh pangangkah yekti keramat.
- Nanging yen angupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami, mangkono rnungguh mami, padune wong dahat cubluk, durung weruh cara Arab, Jawane bae tan ngenting, parandene paripeksa mulang putra.
- Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru anggering Kaji, sawadene tyas mami, banget wedine ing mbesuk, pranatan ngakir jaman, tan tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tinimbalan.
- Marang ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir kiyamat saben hari, bot Allah apa Gusti, tambuh-tambuh solah ingsun lawas-lawas nggraita, rehne ta suta piyayi, yen amriha dadi kaum temah nistha.
- Tuwin ketip suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya ngantepana, pranatan wajibing urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira kongsi tumekeng samangkin, kikisane tan Iyan amung ngupa boga.
- Bonggan kang tan merlokena, mungguh ugering ngaurip, uripe Ian tri prakara, wirya arta tri winasis kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing jamna, aji godhong jati aking, temah papa papariman ngulandara.
- Kang was waspada ing patrap, mangajut ajat winasis, wusana wosing jiwangga, melok tanpa aling aling, kang ngalingi kelingling, wenganing rasa tumIawung, keksi saliring jaman, anglangut tanpa tepi, jeku aran tapa-tapaking Hyang Suksma.
- Mangkono janma utama, tuman tumanen ing sapi, ing saben rikala mangsa, mangsah amamasuh budi, lahire anetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met tyasing sasami, yeku aran wong barek-berag agama.
- Ing jaman mengko pan ora, arahe para taruni, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den lakoni, banjur njunjurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngendelken gurunira, pandhitaning praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makripat.
Selasa, 14 Agustus 2012
Serat Wedhatama - Tembang Pocung
- Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.
- Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira, triloka lakere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.
- Beda lamun, wus sengsem rehing asamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi martatama.
- Tama limut, durgameng tyas maweh limput, karem ing karamat, karana karoban ing sih, sihing Suksma ngrebda sa-ardi gengira.
- Jeku patut, tinula—tula tinurut, sapituduhira aja kaya jaman mangkin, akeh para mudha-mudhi dhiri rapal makna.
- Durung pecus, kasusu kaselak besus, amaknani rapal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.
- Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok jamane den mohi, paksa Iangkah ngangkah met kawruh ing Mekah.
- Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeket ing angga, anggere padha marsudi, kana-kene kahanane nora beda.
- Uger lugu, denta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajad kajating urip, kaya kang wus winahyeng sekar srinata.
- Basa ngelmu, mupakate Ian panemu, pasahe lan tapa, yen satriya Tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri prakara.
- Iya lamun, kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sak serik sameng dumadi, tri legawa nalangsa srah ing Bathara.
- Bathara gung, ingular graning jajantung, jenek Hyang Wisesa, sana pasenedan suci, nora kaya simudha mudhar angkara.
Langganan:
Postingan (Atom)