Kamis, 16 Agustus 2012

Serat Wedhatama - Tembang Pangkur

  1. Mingkar mingkur ing angkara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta pakartining ngelmu luhur,-kang tumrap neng Tanah Jawa, agama ageming Aji.
  2. Jinejer neng Wedhatama, mirih tan kemba kembanging pambudi, mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglilingsemi.
  3. ngGugu karepe priyangga, nora nganggo paparah lamun angling, lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinemu ing samudhana, sasadon ingadu manis.
  4. Sipengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angandhukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkanganipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si pingging.
  5. Mangkono ngelmu kang nyata, sanjatane mung weh reseping ati, bungah ingaranan cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina-dina, aja mangkono wong urip.
  6. Uripe sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene paksa kumaki.
  7. Kikisane mung sapala, palayune ngandelken yayah-wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring tataning tatakrama, nggon-anggon agama Suci.
  8. Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, sumengah sosongaran, yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, nora enak iku kaki.
  9. Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan umasuk ing jasat, amung aneng sajabaning daging kulup, yen kapengkok pancabaya, ubayane mbalenjani.
  10. Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruhita’a kang patut, Ian traping angganira, ana uga angger ugering kaprabun, abon-aboning panembah, kang kanggo ing siyang ratri.
  11. Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa nahan hawa, wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan pasthi neng jalma wredha, tuwin neng jalma taruni.
  12. Sapa ntuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangkutut, kukutaning jidangga, yen mangkono kena sinebut wong sepuh lire sepuh hawa, awas roroning atunggil.
  13. Tan samar pamoring suksma, sinuksmaya winahya ing asepi, sinimpen telenging kalbu, pambukaning warana, tarlen saking liyep-layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusup ing rasa jati.
  14. Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung, tan karem karameyan, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula-mulanira, mulane wong anom sami.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar